Diapusi
Lelembut Ayu
Dening : Rocs Project
Ing
Dhusun Kregolan, Margomulyo, Seyegan, Sleman ana sawijining kuburan kang
masyarakat sekitare padha nyebut Makam Siregol. Makam Siregol mapan ing pinggir
ratan rada gedhe. Sinaoso mapan ing pinggir ratan gedhe lan padhang, ananging
hawa sereme tetep saged nggawe mrinding lan dipun percaya wonten kathah
lelembut kang mapan ten Makam Siregol. Miturut crita kang keprungu
turun-temurun, dek biyen wonten tiyang suami-isteri kang asmanipun Kyai Regol
lan Nyai Regol mbangun daerah Kregolan lan dados desa kang makmur. Sawise
tiyang kekalih wau seda banjur dimakamaken ing Makam Siregol lan tekan samenika
boten wonten tiyang seda dikuburake ten Makam Siregol awit Makam Siregol
kaliyan masyarakat Dhusun Kregolan dipun
kramataken. Miturut cariyos kang kasebar, menawi kita badhe liwat dalan ngarep
Makam Siregol kudu alon-alon, khususipun yen kita numpak sepedha motor utawi
mobil. Yen liwat mriku kanthi ugal-ugalan saged diweruhi lelembut. Lelembut wau
biasanipun malih wujud dados kewan lan ngganggu tiyang kang liwat kanthi
ugal-ugalan. Kejawi dados kewan, lelembut wau
malih wujud dados kabut kang kandel satemah tiyang kang liwat mboten saged
ningali dalan ten ngarepe. Wonten ugi ing nyebut dek mbiyen wonten wanita kang
bunuh dhiri ten Makam Siregol lan arwahipun gentanyangan lan biasanipun
ngganggu para tiyang kang liwat kanthi ugal-ugalan lan malih wujud dados cewek
ayu.
Banu yaiku salah sijining pemudha
saka Dusun Sompokan, yaiku dusun kang papanipun ten lore Dusun Kregolan. Ket
jaman SD Banu sampun kondhang yen Banu ndhugal lan nakal. Polahe ora karuan.
Ing sawijining dina, pase Dina Jemuwah, Banu lan kanca-kancane padha tethek ing
buk lor Dhusun Sompokan kaya adat sabene para nom-noman ndhugal-ndhugal kuwi.
“Heh, cah. Padha wis tau krungu
crita Makam Siregol kae urung?” tekone Si Danang, salah sijine kancane Banu.
“Urung tau ki, lha emange crita apa
ta, Nang?” Banu nyaut.
“Mosok rung tau krungu to Nu Banu?
Seprono seprene kok nganti rung krungu, jan gaweane turu wae to?” Jawabe
Dhimas.
“Yo pancen rung krungu yo rung
krungu. Gek ceritakno wae Nang!” Banu ngakon Danang. Banjur Danang nyritakake.
“Ngene lho, lak Makam Siregol kae le
muni uwong-uwong ki akeh lelembut sing nunggu, biasane mujud kewan utawi dadi
kabut sing kandhel yen kowe nek liwat dalan ngarepe makam kui ora alon-alon
utawi ugal-ugalan. Ngoten critane Mas Banu.” Critane Danang.
“Halah, ngapusi iku. Saiki wis jaman
modern, jaman sing wis maju, ora mungkin ana kaya mengkono mau. Aku ra
percaya.” Banu wangsulan.
“Yo nek masalah percaya karo ora
percaya kuwi wis masalahe dhewe-dhewe. Sing utama lan penting, yen kowe liwat
dalan ngarep makam kuwi alon-alon wae. Aja kebut-kebutan, ndak tiba mburine
malah sampeyan sing cilaka dhewe. Sing penting aku wis ngandhani marang kowe yo
Nu.” Danang ngandani si Banu. Ananging sajake Banu tetep ngeyel gandheng watake
Banu yo keras kepala. Adzan maghrib bocah-bocah mau padha bali omahe
dhewe-dhewe. Sak tekane omah, Banu taksih ora percaya marang kang di critakake
Danang. Banjur Banu badhe golek bukti yen critane Danang mau bener utawi ora.
Dina iki dina Setu. Kaya biasane
Banu dolan bal-balan ing lapangan kelurahan kaliyan kanca-kancane. Biasanipun
rampunge bal-balan nganti adzan maghrib lagi padha leren. Sakwise padha leren,
kanca-kancane Banu langsung padha budhal menyang omah, ananging Banu mampir ing
angkringan ing pinggir dalan kanggo tumbas es teh amargi ngelak. Let sak untoro
saya peteng, banjur Banu mulih. Pas Banu ten dalan kelingan yen Banu badhe
mbuktikaken critane Danang dina kepungkur. Banjur Banu gage narik gas montore
sakpole lan Banu numpake ugal-ugalan. Sajake dalane ugi pas sepi. Sak tekan ing
ngarepe Makam Siregol persis Banu mbatin yen jebul critanipun Danang ing dina
kepungkur ora bener lan dheweke tetep slamet lan mboten kenging cilaka.
Ananging, let kira-kira satus pitung puluh lima meter Banu ngerem montore
ndadak amargi Banu ningali wonten cewek ayu kang ngawe-awe Si Banu. Sanajan
Banu taksih bujangan, dheweke ngrasa sumringah amargi ana cewek ayu ngawe-awe
dheke. Banu banjur gage mbelokake montore lan ngampiri cewek ayu sing ngawe-awe
mau. Banu mboten curiga yen cewek mau jebule lelembut kang malih dados cewek
ayu amargi Banu dereng ngertos yen ana crita ugi sing nyebutke yen wonten
lelembut cewek ayu ing Makam Siregol mau.
“Hai cewek ayu, wonten napa to
ngawe-awe Mas Banu sing ganteng niki, Nduk?” Banu ngrayu.
“Anu kang, kula butuh tumpangan kangge
mantuk griya. Sikil kula sampun kesel mlaku saking kelurahan. Mas Banu saged
maringi kula tumpangan?”
“Ooo saged saged. Nanging kenalan
riyin, jenengmu sinten to cah ayu?”
“Kula Mumun mas. Griya kula ing
Gerjen riku.”
“Ooo Mumun. Kok jenenge medeni to
ora pas karo parasmu sing ayu.”
“Ha caosane tiyang sepuh kula e Mas,
pripun maneh to?” wangsulane Mumun.
“Haiyo.
Omahmu Gerjen? Cerak to geneo?” Banu nimpali.
“Hanggih mas,” wangsulane Lelembut
kuwi.
“Yo ayo ndang numpak kene, ati-ati
numpake.” Mumun banjur numpak montore Banu. Banu banjur ngegas alon-alon
anggone mboncengke cewek ayu mau. Banu mboten sadhar sanajan dheweke sampun
diubeng-ubengke muteri sak Dusun Kregolan ngantos bensin montore ameh telas.
“Mun, bensinku sampun meh telas e,
omahmu taksih adoh ora?” Takone Banu.
“Mboten adoh kok mas. Nah niku ten
ngarep.” Banu banjur mlongo amargi weruh omah sing gedhe lan apik banget.
“Wah, omahmu apik banget Mun. Mesti
kowe wong sugih.”
“Saktenane kula niku mboten sugih
Mas Banu sing ugal-ugalan.”
Banjur
kuwi Mumun wau medhun saking montore Banu. Sak wektu kuwi omah kang dideleng
Banu apik malih dadi Makam Siregol. Banu Kaget banget. Banjur Banu mlengo ten
Mumun jebul Mumun pun malih dados wujud asline sing medeni. Banu banjur wedi
banget. Ulate saking sumringah ilang dados ulat wedi. Saking wedine, Banu
ngompol ing kathok lan gage nguripake montore. Sanajan sampun digenjot
bola-bali montore Banu ora gelem urip amargi bensin sampun telas. Banu sing
sampun keweden banjur mlayu lan montore ditinggalke mawon ten ngarep Makam
Siregol. Ten dalan, Banu dipunbisiki swarane lelembut mau. Banu saya wedi
ngantos Banu mboten krasa yen sikile ngidak beling pecahan kaca tilas botol
ombe sing kemlarah ing tengah dalan. Saktekane omah, Banu gage krukup ten kamar
lan turu supayane saged ngilangi raa wedine.
Esuke
dinten Minggu, Banu sing sikile sampun pincang amarga ngidak beling gage
nggoleki montore sing ditinggal ing ngarep Makam Siregol. Banu ngrasa lega
montore mboten ilang sanajan sampun ditinggal setunggal bengi ing ngarep
kuburan. Banu banjur nuntun montore lan digawa mulih. Saktekane ngomah Banu
dibisiki swara lelembut meneh yen Banu liwat dalan ngarep Makam Siregol kudu
alon-alon lan mboten ugal-ugalan. Banu banjur janji mbatin ing ati yen Banu
bakal alon-alon lan mboten mbaleni maneh. Sak banjure kuwi Banu crita marang
kanca-kancane. Karepe Banu badhe entuk welas asih saking kanca-kancane, justru
Banu malah entuk unekan lan digeguyu marang kanca-kancane.
Ngantos
sakmenika, crita kramatipun Makam Siregol taksih dipunpercaya kaliyan masyarakat
ing sakitare Makam kuwi amarga masyarakat padha wedi yen badhe entuk sial kaya
kisahe Si Banu. Sakbanjure kadadeyan kuwi Banu dadi pemudha sing ora ndhugal
maneh.
Tags :
Cerita Basa Jawa, cerkak basa Jawa, Cerita Lelembut, Cerkak lelembut, Jagading Lelembut.