Cerita Bahasa Jawa Jagading Lelembut

Diapusi Lelembut Ayu
Dening : Rocs Project

Ing Dhusun Kregolan, Margomulyo, Seyegan, Sleman ana sawijining kuburan kang masyarakat sekitare padha nyebut Makam Siregol. Makam Siregol mapan ing pinggir ratan rada gedhe. Sinaoso mapan ing pinggir ratan gedhe lan padhang, ananging hawa sereme tetep saged nggawe mrinding lan dipun percaya wonten kathah lelembut kang mapan ten Makam Siregol. Miturut crita kang keprungu turun-temurun, dek biyen wonten tiyang suami-isteri kang asmanipun Kyai Regol lan Nyai Regol mbangun daerah Kregolan lan dados desa kang makmur. Sawise tiyang kekalih wau seda banjur dimakamaken ing Makam Siregol lan tekan samenika boten wonten tiyang seda dikuburake ten Makam Siregol awit Makam Siregol kaliyan masyarakat  Dhusun Kregolan dipun kramataken. Miturut cariyos kang kasebar, menawi kita badhe liwat dalan ngarep Makam Siregol kudu alon-alon, khususipun yen kita numpak sepedha motor utawi mobil. Yen liwat mriku kanthi ugal-ugalan saged diweruhi lelembut. Lelembut wau biasanipun malih wujud dados kewan lan ngganggu tiyang kang liwat kanthi ugal-ugalan. Kejawi dados kewan, lelembut wau malih wujud dados kabut kang kandel satemah tiyang kang liwat mboten saged ningali dalan ten ngarepe. Wonten ugi ing nyebut dek mbiyen wonten wanita kang bunuh dhiri ten Makam Siregol lan arwahipun gentanyangan lan biasanipun ngganggu para tiyang kang liwat kanthi ugal-ugalan lan malih wujud dados cewek ayu.
            Banu yaiku salah sijining pemudha saka Dusun Sompokan, yaiku dusun kang papanipun ten lore Dusun Kregolan. Ket jaman SD Banu sampun kondhang yen Banu ndhugal lan nakal. Polahe ora karuan. Ing sawijining dina, pase Dina Jemuwah, Banu lan kanca-kancane padha tethek ing buk lor Dhusun Sompokan kaya adat sabene para nom-noman ndhugal-ndhugal kuwi.
            “Heh, cah. Padha wis tau krungu crita Makam Siregol kae urung?” tekone Si Danang, salah sijine kancane Banu.
            “Urung tau ki, lha emange crita apa ta, Nang?” Banu nyaut.
            “Mosok rung tau krungu to Nu Banu? Seprono seprene kok nganti rung krungu, jan gaweane turu wae to?” Jawabe Dhimas.
            “Yo pancen rung krungu yo rung krungu. Gek ceritakno wae Nang!” Banu ngakon Danang. Banjur Danang nyritakake.
            “Ngene lho, lak Makam Siregol kae le muni uwong-uwong ki akeh lelembut sing nunggu, biasane mujud kewan utawi dadi kabut sing kandhel yen kowe nek liwat dalan ngarepe makam kui ora alon-alon utawi ugal-ugalan. Ngoten critane Mas Banu.” Critane Danang.
            “Halah, ngapusi iku. Saiki wis jaman modern, jaman sing wis maju, ora mungkin ana kaya mengkono mau. Aku ra percaya.” Banu wangsulan.
            “Yo nek masalah percaya karo ora percaya kuwi wis masalahe dhewe-dhewe. Sing utama lan penting, yen kowe liwat dalan ngarep makam kuwi alon-alon wae. Aja kebut-kebutan, ndak tiba mburine malah sampeyan sing cilaka dhewe. Sing penting aku wis ngandhani marang kowe yo Nu.” Danang ngandani si Banu. Ananging sajake Banu tetep ngeyel gandheng watake Banu yo keras kepala. Adzan maghrib bocah-bocah mau padha bali omahe dhewe-dhewe. Sak tekane omah, Banu taksih ora percaya marang kang di critakake Danang. Banjur Banu badhe golek bukti yen critane Danang mau bener utawi ora.
            Dina iki dina Setu. Kaya biasane Banu dolan bal-balan ing lapangan kelurahan kaliyan kanca-kancane. Biasanipun rampunge bal-balan nganti adzan maghrib lagi padha leren. Sakwise padha leren, kanca-kancane Banu langsung padha budhal menyang omah, ananging Banu mampir ing angkringan ing pinggir dalan kanggo tumbas es teh amargi ngelak. Let sak untoro saya peteng, banjur Banu mulih. Pas Banu ten dalan kelingan yen Banu badhe mbuktikaken critane Danang dina kepungkur. Banjur Banu gage narik gas montore sakpole lan Banu numpake ugal-ugalan. Sajake dalane ugi pas sepi. Sak tekan ing ngarepe Makam Siregol persis Banu mbatin yen jebul critanipun Danang ing dina kepungkur ora bener lan dheweke tetep slamet lan mboten kenging cilaka. Ananging, let kira-kira satus pitung puluh lima meter Banu ngerem montore ndadak amargi Banu ningali wonten cewek ayu kang ngawe-awe Si Banu. Sanajan Banu taksih bujangan, dheweke ngrasa sumringah amargi ana cewek ayu ngawe-awe dheke. Banu banjur gage mbelokake montore lan ngampiri cewek ayu sing ngawe-awe mau. Banu mboten curiga yen cewek mau jebule lelembut kang malih dados cewek ayu amargi Banu dereng ngertos yen ana crita ugi sing nyebutke yen wonten lelembut cewek ayu ing Makam Siregol mau.
            “Hai cewek ayu, wonten napa to ngawe-awe Mas Banu sing ganteng niki, Nduk?” Banu ngrayu.
            “Anu kang, kula butuh tumpangan kangge mantuk griya. Sikil kula sampun kesel mlaku saking kelurahan. Mas Banu saged maringi kula tumpangan?”
            “Ooo saged saged. Nanging kenalan riyin, jenengmu sinten to cah ayu?”
            “Kula Mumun mas. Griya kula ing Gerjen riku.”
            “Ooo Mumun. Kok jenenge medeni to ora pas karo parasmu sing ayu.”
            “Ha caosane tiyang sepuh kula e Mas, pripun maneh to?” wangsulane Mumun.
“Haiyo. Omahmu Gerjen? Cerak to geneo?” Banu nimpali.
            “Hanggih mas,” wangsulane Lelembut kuwi.
            “Yo ayo ndang numpak kene, ati-ati numpake.” Mumun banjur numpak montore Banu. Banu banjur ngegas alon-alon anggone mboncengke cewek ayu mau. Banu mboten sadhar sanajan dheweke sampun diubeng-ubengke muteri sak Dusun Kregolan ngantos bensin montore ameh telas.
            “Mun, bensinku sampun meh telas e, omahmu taksih adoh ora?” Takone Banu.
            “Mboten adoh kok mas. Nah niku ten ngarep.” Banu banjur mlongo amargi weruh omah sing gedhe lan apik banget.
            “Wah, omahmu apik banget Mun. Mesti kowe wong sugih.”
            “Saktenane kula niku mboten sugih Mas Banu sing ugal-ugalan.”
Banjur kuwi Mumun wau medhun saking montore Banu. Sak wektu kuwi omah kang dideleng Banu apik malih dadi Makam Siregol. Banu Kaget banget. Banjur Banu mlengo ten Mumun jebul Mumun pun malih dados wujud asline sing medeni. Banu banjur wedi banget. Ulate saking sumringah ilang dados ulat wedi. Saking wedine, Banu ngompol ing kathok lan gage nguripake montore. Sanajan sampun digenjot bola-bali montore Banu ora gelem urip amargi bensin sampun telas. Banu sing sampun keweden banjur mlayu lan montore ditinggalke mawon ten ngarep Makam Siregol. Ten dalan, Banu dipunbisiki swarane lelembut mau. Banu saya wedi ngantos Banu mboten krasa yen sikile ngidak beling pecahan kaca tilas botol ombe sing kemlarah ing tengah dalan. Saktekane omah, Banu gage krukup ten kamar lan turu supayane saged ngilangi raa wedine.
Esuke dinten Minggu, Banu sing sikile sampun pincang amarga ngidak beling gage nggoleki montore sing ditinggal ing ngarep Makam Siregol. Banu ngrasa lega montore mboten ilang sanajan sampun ditinggal setunggal bengi ing ngarep kuburan. Banu banjur nuntun montore lan digawa mulih. Saktekane ngomah Banu dibisiki swara lelembut meneh yen Banu liwat dalan ngarep Makam Siregol kudu alon-alon lan mboten ugal-ugalan. Banu banjur janji mbatin ing ati yen Banu bakal alon-alon lan mboten mbaleni maneh. Sak banjure kuwi Banu crita marang kanca-kancane. Karepe Banu badhe entuk welas asih saking kanca-kancane, justru Banu malah entuk unekan lan digeguyu marang kanca-kancane.

Ngantos sakmenika, crita kramatipun Makam Siregol taksih dipunpercaya kaliyan masyarakat ing sakitare Makam kuwi amarga masyarakat padha wedi yen badhe entuk sial kaya kisahe Si Banu. Sakbanjure kadadeyan kuwi Banu dadi pemudha sing ora ndhugal maneh.


Tags :
Cerita Basa Jawa, cerkak basa Jawa, Cerita Lelembut, Cerkak lelembut, Jagading Lelembut.

0 comments:

Cara ganti ukuran, margin, dan orientation di microsoft word 2016

Jika kita akan membuat sebuah dokumen dan misalnya disuruh untuk membuat dengan standar dan mengikuti aturan tertentu misalnya ukuran kertasnya harus A4 Quarto, batas kiri dan atas harus 4 cm maupun batas bawah dan kanan harus 3 cm, maka kita harus mengubah margin dokumen tersebut. Atau, jika kita akan membuat sebuah sertifikat dengan bentuk yang landscape maka kita harus mengubah page orientationnya. Nah dalam artikel kali ini, kita akan membahas mengenai cara mengkustom beberapa hal diatas melalui sebuah cara yang sangat simpel dan mudah dipahami oleh teman semua, langsung saja ini dia caranya:


  1. Bukalah Ms Wordnya, setelah itu pilih menu layout, untuk lebih jelasnya bisa lihat gambar di bawah.
    Microsoft Office Word
    Layout
  2. Jika kita akan mengganti ukuran kertasnya, kita tinggal memilih sub-menu size, nah dalam sub-menu tersebut ada beberapa pilihan ukuran, namun kita juga dapat mengkustom ukuran dokumen sesuai selera kita dengan memilih "more paper size..." yang terletak dipaling bawah pilihan tersebut.
    Microsoft Office Word
    Custom Size
  3. Untuk Margin dan Orientation, caranya juga hampir sama seperti saat akan mengganti ukuran dokumen.

Nah, mudah bukan? jika masih kurang jelas, anda boleh bertanya di komentar, dan akan saya jawab semampu saya, terimakasih. Semoga bermanfaat.

0 comments:

Cara mendisable atau menonaktifkan fungsi check spelling and grammar Ms Word 2016

Jika kita sedang mengetik sesuatu dan waktu kita teliti kita menemukan beberapa kata yang aneh misalnya eksekutif menjadi executive dan lain-lain padahal itu bukan kesalahan pengetikan. Hal tersebut dikarenakan salah satu fungsi dari Microsoft Office Word itu sendiri, yaitu check spelling and grammar. Nah untuk menonaktifkannya sangat mudah. Ikut beberapa langkah berikut :


  1. Buka microsoft office word 2016, lalu pilih menu file di pojok kiri atas,
    microsoft office word 2016
    Pilih menu file
  2. Setelah itu, pilih menu options,
    microsoft office word 2016
    Pilih options
  3. Setelah muncul kotak dialog baru, pilih menu proofing disebelah kiri, setelah itu hilangkan tanda centang dalam empat opsi yang dilingkari seperti gambar di bawah. Jangan lupa pilih Ok
    microsoft office word 2016
    word options box
  4. Selesai. Mudah bukan?

Namun sebenarnya, check spelling and grammar sangat berguna jika kita melakukan pengetikan dengan bahasa inggris. Jadi, saat kita ingin mengetik dalam bentuk bahasa inggris, sebaiknya kita mengaktifkan fungsi check spelling and grammar. Sekian. Semoga bermanfaat.

1 comments: